Radio Siaran Jawi
Radio Siaran Jawi
berbagi berbagai cerita dalam bahasa Jawasami-sami sinau, nguri-uri budaya Jawikunjungi channel YouTube : Radio Siaran Jawi
Author
Radio Siaran Jawi
Category
Podcast website
Latest episode
Nov 12, 2023
Where to listen?
Podcasts in the app Replaio Radio Coming soonPodcasts are coming to the app soon. Install now and be the first to see a whole new take on podcasts
Episodes
'Keris Ladrang Nyalawadi' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 17.04.2022 20:14
Iya merga keris iki sing njalari patiku, lan layonku ora dirukti kaya apa mesthine, mula aku ora bisa lestari bali marang pangayunaning Gusti.....
'Pundhen Pesugihan' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 13.04.2022 18:40
Miturut critane warga desa, punthuk kuwi klebu pundhen keramat. Ana maneh sing percaya yen kuwi pundhen pasugihan.....
'Kamar Mburi Ngemu Wewadi' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 10.04.2022 19:14
Jroning kahanan setengah turu setengah melek iku Jarot njenggirat kaget, jalaran ing njero kamare ana bocah wadon. Ing mangka nalika mapan turu mau lawang kamare wis dikunci saka njero.....
'Sutiyem Ilang Telung Dina' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 06.04.2022 15:55
Rumangsane Mbah Tiyem diajak wanita mau mlebu dalam rumpil. Nuli, byar... katon lampu-lampu madhangi sakiwa tengene, nganti cetha welaa-wela.....
'Warisan' Cerpen Bahasa Jawa 03.04.2022 24:37
Werna-werna critane sedulur-sedulurku rikala nayuh pusaka. Ana sing crita ditekani wong lanang tuwa, ana sing kandha ketekan wong wadon tuwa, ana uga kang ditemoni prawan kencur.....
'Tumbal' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 30.03.2022 20:59
Mbok Truna lumah-lumah ana njogan. Awake kejot-kejot, mripate malik. Weruh kahanan kang kaya mangkono mau Partono banjur cepet-cepet aweh informasi marang koordinator Satpam lan tangga-tanggane. Sabanjure Mbok Truna banjur digawa menyang Rumah Sakit.....
'Ibuku, Kakangku Lan Lintah Naga' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 27.03.2022 21:28
Miturut Mbah Raden, aku kena penggawene wong sing ora seneng. Jelase aku kena santet. Santet sing kerjane alus banget, nanging landhepe tan kinira. Santet sing mbaka sithik nggrogoti otot bebayuku, nggrogoti uripku sithik mbaka sithik nganti ludhes lan aku dadi pensiunan menungsa.....
'Gelut Mungsuh Gendruwo' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 23.03.2022 16:17
Saben dino Kemis wage, Kang Di nganggo minyak wangi. Sing nggumunake maneh yen malem Jemuwah Kliwon utowo Selasa Kliwon, ing njero kamar iku kaya ana swarane wong caturan lan kadhang kala kaya wong lagi posah-pasihan.....
'Wewadi Ing Omah Suwung' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 20.03.2022 12:09
Dak pancal alon-alon sepedaku, pamrihe yen ana apa-apa bisa luwih waspada. Kurang limang meteran aku nata ati. Iki kanggo mbuktekake bener orane yen omah kuwi ana memedine. Pas ing ngarep regol, pedhal dak pancal saya alon. Dak setitekake temenan, kupingku dak bukak amba.....
'Impen Nyalawadi' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 16.03.2022 14:28
Nuju sawijining bengi, mbah putriku ngimpi ditekani nini-nini. Tekane nini-nini mau saperlu nitipake buntelan sing ora kinawruhan isine. Nini-nini mau mekas yen wis muleh saka anggone lunga, barang sing dititipake mau arep dijupuk maneh.....
'Nekani Dhemit Mantu' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 13.03.2022 16:47
Agung ora enggal mangsuli, atine krasa ora kepenak. Ambune kembang dumadakan nduleg irung. Agung nglirik penumpang liyane, nanging kabeh mung katon remeng-remeng tur ora ana sing caturan. Dumadakan atine Agung nratab bareng bise nyalip kendharaan ing ngarepe, saka ngarep uga kapinujon ana bis kang ngebut.....
'Ula Nyalawadi' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 09.03.2022 7:36
Wis seminggu iki Gimin rada bingung atine. Dudu bab kurang mangan utawa lagi susah merga ora nduwe duwit. Ana bab wigati sing ndadekake bingunge tambah dina sansaya ndadi. Ana kedadeyan nyalawadi sing njalari bengi-bengine angel turu mergo keweden. Kedadeyan mau kawiwitan nalika malem Jemuwah kepungkur dheweke bebuwang ana kali cilik cedhak kuburan Cina Bolorejo.....
'Disraya Dhemit' Cerita Misteri Bahasa Jawa | Alaming Lelembut 06.03.2022 12:14
Barjo ora mudheng, saka rumangsane anggone ngayahi ngubur jisime wong lanang iku lagi telung jam kepungkur, ning yagene kok wis telung ndina? Rehne penasaran, jam sanga esuk Barjo ndudhah kuburan sing jarene kanggo ngubur jisime.....
'Tuyul Ngempeng' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 03.03.2022 8:52
Nuju sawijining dina, kaya adate anggone turu Bulik Inem kijenan. Watara bubar lingsir wengi dheweke ngrasakke menawa ana sing ngemut payudarane. Diwanek-wanekke mripate melek, ngriyip migatekake sapa sing lagi ngemik. Yen anake mokal, wong bocahe wis gedhe-gedhe lan wis duwe kamar dhewe-dhewe....
'Pitik Cebol' Cerita Romantis Bahasa Jawa 27.02.2022 14:55
Pancene Suminem kuwi nadyan wis randha tur urip ana ndesa ning penampilane ora kalah karo prawan lulusan SMA. Dhasar pawakanelencir, weweg awake, kuning resik pakulitane. Sapa ngira yen dheweke kuwi randha anake siji....
'Sambat Arep Pamit' Cerita Misteri Bahasa Jawa || Alaming Lelembut 24.02.2022 6:38
Yok mati ngenggon. Gulune meh pedhot, dhadha lan pipine mbeleweh kena bacok. War senajan dhadhane nyangkem kodhok, iseh bisa mlayu muleh lan digawa menyang Rumah Sakit....
'Rujak Sentul' Cerpen Bahasa Jawa 22.02.2022 17:36
Biyen Tarsiwi mung dodolan mligi batihik tulis alus sawernaning corek. Yen mangkat dodolan menyang pasar mesthi nyampingan, rambute digelung kondhe. Kebayak kang belahan dhadhane sengaja digawe cendhek. Satemah gunung kembare katon muntup-muntup ing suwalike kuthu baru kebayake. Nalika semana Tarsiwi kondhang kanthi sebutan Bu Siwi bakul wade merak ati.
'Tresna Warisan' Cerita Romantis Bahasa Jawa 20.02.2022 17:16
Dhek semana, dina mbaka dina, minggu mbaka minggu, sasi mbkak sasi akuy tansah ngantu-ngantu layang saka sliramu. Nanging layang iku ora tau teka. Dak coba kaping telu aku kirim layang, uga ora ana balesan. Nganti telung taun, aku rumangsa yakin yen mas wis lalu karo aku. Saking laraning atiku, akhire aku kepeksa nglanggati karepe Parjo. Kelakon urip jejodhowan.
'Akik' Cerpen Bahasa Jawa 18.02.2022 9:23
Wah wah nganggo ali-ali iki malah nyilakakake aku. Wingi awan omahku dirusak bocah-bocah. Guneme sampeyan ora kena diugemi Kang. Ujare Tambar sajak nutuh karo nyopot ali-aline njur diglethakake ono nduwur meja.
'Manuk Kutut Ngrejekeni' Alaming Lelembut Cerita Misteri Bahasa Jawa 16.02.2022 15:52
Krungu kabar kasebut sirahe Jumono rasane kaya ketiban gandhen. Kaget, bingung, goreh, kuwatir lan was-was dadi siji. Saweneh pitutur lan iguh pratikel saka wong tuwane apadene tangga teparone, uga para pini sepuh desane ora dipaelu. Kaya mung mlebu kuping tengen metu kuping kiwa. Dina-dinane mung lungguhan dheleg-dheleg nang cakruk rondha kanthi mripat kang tumlawung adoh.
'Kenya Kembar Nyalawadi' Alaming Lelembut Cerita Misteri Bahasa Jawa 09.02.2022 21:10
Bekti nuding pener mburi gegere bapake. Bapake mung tolah-toleh, ora ngerti. Kenya kembar mau sirahe gudras getih, ndlewer nganti nganti tekan praupan lan klambi sragame sing rada mbledhah pener dhadhane. Lambene dibingkem nganggo lakban, tangane dibanda. Swarane bekah-bekuh njaluk pitulungan. Katon kaya mentas dipilara.
'Blantik Kesierek' Cerpen Bahasa Jawa 05.02.2022 22:49
Nuwun sewu mbah, mboten ateges kulo punika nginterogasi utawi ngonceki panjenengan, mboten. Sejatosipun panjengenan punika sinten ? Darmo nekad miyak pedhut sing nutupi jiwa lan ragane mbah Sawiyo sawutuhe. Nadyan ta dianggep keladuk wani kurang deduga, iki wis dadi niyat lan kemantebaning karepku, grenenge Darmo njero ati, karo ngusap kriget adhem sing dleweran ing bathuke.
'Honor' Cerpen Bahasa Jawa 02.02.2022 13:53
Dhek emben kae ana tanggaku njaluk tulung supaya ngedolake tanahe sing nang Banyumanik. Aku sakawit yo rada gojag-gajeg, wong selawase iki durung tau dadi makelar. Nanging ndilalah ora nganti seminggu tanahe bisa payu. Bubar kuwi, deweke wara-wara marang kanca-kancane. Yo soko gethok tular kuwi banjur akeh wong-wong sing nganggo jasaku yen arep ngedolake tanah, omah utawa apa lah apa.
'Badut Tengah Wengi' Cerpen Bahasa Jawa 31.01.2022 2:40
Taun 1980-an aku klebu joko tanggung. Meh saben bengi aku ora nate turu ngomah, nanging turu langgar karo kanca-kanca sapantaran. Kejobo sinau ngaji, ngobrol lan dolanan. Terkadang Mas Kunto guru ngaji yo melu turu neng langgar.
'Yen Wis Getun' Cerpen Bahasa Jawa 31.01.2022 6:34
Getun kuwi pancen ana mburi. Yen ana ngarep jenenge dudu getun. Samubarang kang wis kebacut, ora ana gunane kanggo digetuni. Arepa ditangisi kaya apa tetep ora bisa mbalekake kahanan kaya wingi uni. Barang kang digetuni kudu didadekake kaca benggala. Saora-orane bisa kanggo ngilo amrih kedadeyan kawuri ora dibelani maneh.
Similar podcasts
Replaio is not a podcast publisher; show names, artwork and audio belong to their authors and are distributed through public RSS feeds.